Showing posts with label humor. Show all posts
Showing posts with label humor. Show all posts

Friday, September 3, 2010

Humoria

‎​Manajer SDM (M) mewawancara Calon Karyawan (C) sbb:
M : Kowe nduwe motor opo ora....?
C : Mboten.
M : Ora ketompo
C : Lho kok mboten ketompo ?
M : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
C : Sak janipun gadhah, ning tasih wonten kampung, gampil mangke kulo beto mriki.
M : Wah malah ra ketompo....
C : lho kok ngoten
M : Tempat parkiré wis sesak.
M : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
C : sampun pak....
M : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA waé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
C : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
M : Malah ora ketompo.....
C : Lho kados pundi to....?
M : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, yén wis lulus mesti golék kerjo ning perusahaan liyo..
M : Anakmu akèh opo sithik ?
C : Kathah pak
M : Kowé ora ketompo
C : Sebabipun ?
M : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawé uanaaaaaak terus
C : Lha wong namung anak adopsi, kok.
M : Tambah ora ketompo
C. : Lho, lha kok ... ?
M : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé
M : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
C : Dèrèng
M : Kowé ora ketompo
C : Sebabipun ?
M : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
C : Oo, nèk damelan niku sampun ngertos kok
M : Tambah ora ketompo
C : Lho, lha kok ... ?
M : Kowé rak mung arep keminter, to ?
M : Kowé biso main Internét ?
C : mBoten
M : Kowé ora ketompo
C : Sebabipun ?
M : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
C : Wah, sakjanipun nggih saged
M : Tambah ora ketompo
C : Lho, lha kok ... ?
M : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, Ngenték-entekké pulsa !
M : Kowe waras opo ora?
C : Lha, kulo nggih waras to Pak.
M : Ra ketompo.......
C : Kenging nopo .....?
M : Mengko kowe mesthi ora krasan ning kéné.
C : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
M : Malah ra ketompo......
C : Pripun to niki....?
M : Mengko aku duwe saingan......

chitika

Searching something ?? Tries this ......

Google

Will subscribe to posting ?? select here ...!!!

Enter your email address:

Delivered by FeedBurner

taufan38761 ... surely !!

Subscribe to taufan38761 ... surely !! by Email